PENGEMBANGAN KAMUS SUNDA-JAWA GUNA MENGATASI KESULITAN BELAJAR SISWA KELAS VII SMP NEGERI 2 BANJARHARJO PADA MATA PELAJARAN BAHASA JAWA


Estri Wahyu Amifauziah, 2601409045 (2013) PENGEMBANGAN KAMUS SUNDA-JAWA GUNA MENGATASI KESULITAN BELAJAR SISWA KELAS VII SMP NEGERI 2 BANJARHARJO PADA MATA PELAJARAN BAHASA JAWA. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of PENGEMBANGAN KAMUS SUNDA-JAWA GUNA MENGATASI KESULITAN BELAJAR SISWA KELAS VII SMP NEGERI 2 BANJARHARJO PADA MATA PELAJARAN BAHASA JAWA]
Preview
PDF (PENGEMBANGAN KAMUS SUNDA-JAWA GUNA MENGATASI KESULITAN BELAJAR SISWA KELAS VII SMP NEGERI 2 BANJARHARJO PADA MATA PELAJARAN BAHASA JAWA)
Download (2MB) | Preview

Abstract

Siswa kelas VII ing SMP Negeri 2 Banjarharjo blaka menawa padha kangelan anggone sinau basa Jawa merga bahasa ibu kang didadekake basa padinan yaiku basa Sunda. Siswa mbutuhake kamus Sunda-Jawa kanggo ngurangi kangelaning siswa anggone sinau basa Jawa. Nanging anane kamus Sunda-Jawa ing tlatah winatesan Jawa Tengah-Jawa Barat isih sithik. Pramila, prelu dirembakakake kamus Sunda-Jawa kanggo ngurangi kangelaning siswa anggone sinau basa Jawa. Adhedhasar andharan kuwi, perkara ing peneliten iki yaiku (1) kepriye kabutuhane siswa lan guru kelas VII ing SMP Negeri 2 Banjar Harjo marang kamus Sunda-Jawa?, (2) kepriye carane ngrembaka kamus Sunda-Jawa kang dibutuhake siswa lan guru kelas VII ing SMP Negeri 2 Banjar Harjo?, (3) kepriye uji validasi ahli babagan prototipe kamus Sunda-Jawa?, lan (4) kepriye kamus Sunda-Jawa sing bener sakwise diujikake marang ahli? Ancas ing paneliten iki yaiku (1) nganalisis kabutuhane siswa lan guru kelas VII ing SMP Negeri 2 Banjar Harjo marang kamus Sunda-Jawa, (2) ngrembakakake kamus Sunda-Jawa kang dibutuhake siswa lan guru kelas VII ing SMP Negeri 2 Banjar Harjo, (3) nguji prototipe kamus Sunda-Jawa marang ahli, lan (4) mbeneri kamus Sunda sakwise diujikake marang ahli. Paneliten iki nggunakake dhasar penelitian pengembangan (Research & Development). Ing sajroning paneliten iki keperang dadi limang perkara, yaiku (1) identifikasi masalah, (2) analisis kebutuhan, (3) pembuatan prototipe, (4) uji ahli, dan (5) revisi produk. Data kabutuhan kamus Sunda-Jawa dibeberake kanthi cara deskriptif kualitatif kayata, menganalisis data angket kebutuhan, memfokuskan data angket kebutuhan lan mentransformasikan data mentah menjadi bentuk desain media. Data uji ahli prototipe dibeberake nggunakake teknik deskriptif prosentase. Asil panaliten nuduhake menawa siswa kangelan sinau basa Jawa. ora mung siswa, guru uga kangelan anggone ngasta amarga media sing dienggo isih kurang. Siswa lan guru mbutuhake media sing bisa dinggo kanggo ngurangi kangelaning sinau basa Jawa. Adhedhasar angket kebutuhan siswa lan guru marang kamus Sunda-Jawa bisa dijupuk dudutan babagan karakteristik kamus Sunda-Jawa kang cocog. Karakteristik kamus Sunda-Jawa kang dibutuhake guru yaiku kamus Sunda-Jawa sing isine tembung-tembung padinan sing asring dienggo lan diwenehi ngoko, krama, lan krama inggil ing tembung basa Jawa.Adhedhasar asil penilaian prototipe kamus Sunda-Jawa saka ahli media lan ahli materi nuduhake yen kamus Sunda-Jawa wis apik kanthi biji 82,35% saka ahli materi lan media basa Jawa lan 81, 25% saka ahli materi basa Sunda, nanging isih prelu dibeneri miturut apa sing dikarepake ahli media lan ahli materi. Babagan kang dibeneri yaiku judul sing asale “Kamus Sunda-Jawa Disertai Ngoko-Krama Untuk Kelas VII SMP” diowahi dadi “Kamus Saku Sunda-Jawa Dilengkapi Jawa Ngoko-Krama-Krama Inggil”, mbeneri gambar lan tulisan ing sampul ngarep lan mburi, lan mbeneri tulisa-tulisan sing isi kliru sakjroning kamus. Pamrayoga kang bisa diaturake saka panaliten iki, yaiku (1) kanggo para guru supaya nindakake inovasi ing pasinaonan. Inovasi bisa ditindakake mawa media, metode atau materi. (2) panaliti liyane bisa nganakake panaliten bacute supaya ngasilake media kang variatif.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: pengembangan kamus, bahasa Jawa, bahasa Sunda.
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 23382 not found.
Date Deposited: 06 May 2014 12:17
Last Modified: 06 May 2014 12:17
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/19691

Actions (login required)

View Item View Item