PENGEMBANGAN MATERI AJAR MEMBACA PEMAHAMAN BERBASIS PENDIDIKAN KARAKTER UNTUK SISWA SMP KELAS VII DI KABUPATEN PEMALANG


Indah Budi Lestari, 2601409038 (2013) PENGEMBANGAN MATERI AJAR MEMBACA PEMAHAMAN BERBASIS PENDIDIKAN KARAKTER UNTUK SISWA SMP KELAS VII DI KABUPATEN PEMALANG. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of PENGEMBANGAN MATERI AJAR MEMBACA PEMAHAMAN BERBASIS PENDIDIKAN KARAKTER UNTUK SISWA SMP KELAS VII DI KABUPATEN PEMALANG]
Preview
PDF (PENGEMBANGAN MATERI AJAR MEMBACA PEMAHAMAN BERBASIS PENDIDIKAN KARAKTER UNTUK SISWA SMP KELAS VII DI KABUPATEN PEMALANG)
Download (934kB) | Preview

Abstract

Piwulangan basa Jawa iku ngemot patang aspek kaprigelan, yaiku nyemak, micara, maca, lan nulis. Maca yaiku salah sijine kaprigelan basa kang kudu dingerteni dening siswa SMP kelas VII.Materi ajar sing digunakake kajupuk saka buku paket lan LKS. Materi kasebut isih nduweni kekurangan ing antarane yaiku, wacane kedawan, basane durung nganggobasa sing dinggo saben dina yaiku dialek ngapak, lan durung ngandhut pendidikan karakter. Gegayutan karo babagan kuwi, perkara kang dirembug ing panaliten iki yaiku (1) kepiye kondisi awal piwulangan maca ing kabupaten Pemalang? (2) kepiye kabutuhan siswa lan guru ngenani materi ajar maca berbasis pendidikan karakter kanggo siswa kelas VII SMP ing kabupaten Pemalang? (3) kepiye prototipe awalmateri ajarmacaberbasis pendidikan karakter kanggo siswa kelas VII SMP ing kabupaten Pemalang? (4) kepiyevalidasi prototipe materi ajar maca berbasis pendidikan karakterkanggo siswa kelas VII SMP ing kabupaten Pemalang?lan (5) kepiye wujud materi ajar macaberbasis pendidikan karakter kanggo siswa kelas VII SMP ing kabupaten Pemalang? Dene ancase panaliten iki yaiku (1) deskripsikake kondisi awal piwulangan maca ing kabupaten Pemalang, (2) deskripsikake kabutuhan siswa lan guru ngenani materi ajar maca berbasis pendidikan karakter kanggo siswa kelas VII SMP ing kabupaten Pemalang, (3) deskripsikake prototipe awal materi ajar maca berbasis pendidikan karakter kanggo siswa kelas VII SMP ing kabupaten Pemalang, (4) deskripsikake validasi prototipe materi ajar maca berbasis pendidikan karakter kanggo siswa kelas VII SMP ing kabupaten Pemalang, lan (5) ngasilake buku materi ajar maca berbasis pendidikan karakter kanggo siswa kelas VII SMP ing kabupaten Pemalang. Pendekatan sing digunakake ing panaliten iki yaiku pendekatan penelitianpengembangan (Research & Development).Prosedurpanaliten iki kaperang dadi lima, yaiku analisis potensi lan masalah, nglumpukake data/informasi, ngrancang prototipe,validasi desain/produk, lan ndandani prototipe. Data ing panaliten iki yaiku data analisis kabutuhan, data desain awalbuku piwulangan, data koreksiahli, landata prototipebuku piwulangan maca berbasis pendidikan karakter. Data diklumpukake nganggoangket, yaiku arupa angketkabutuhan lanangket uji ahli. Teknik analisis data angket diolah kanthiteknik analisis interaktif. Asil panaliten iki yaiku (1) piwulangan maca ing kabupaten Pemalang nudhuhake yen materi ajar sing biyasane digunakake arupa buku paket lanLKS.Materi kasebut durung migunakake dialek ngapak, (2) asil analisis kabutuhan siswa lan guru nudhuhake yen siswa lan guru mbutuhake materi ajarmaca sing migunakake dialek ngapak lan ngandhut nilai pendidikankarakter, (3) prototipe awal materi ajar maca berbasis pendidikan karakter kanggo siswa kelas VII SMP ing kabupaten Pemalang, kaperang dadi telung babagan yaiku babagan pendahulu, babagan isi, lan babagan penyudah.Babagan pendahulu ing buku iki yaiku sampul buku, halaman judul, hak cipta, atur pangiring, daftar isi,KD lanindikator, sartanilai karakter sing ana ing saben wacan. Babagan isi ana sangang wacan sing irah-irahane kajupuk saka sesanti Jawa lanlatihan soal arupa pilihan ganda lan uraian sing ditulis nganggo dialek ngapak. Babagan penyudah yaiku kapustakan lan biografi panulis, (4) validasi prototipe materi ajar maca berbasis pendidikan karakter kanggo siswa kelas VII SMP ing kabupaten Pemalang nudhuhake yen prototipe kalebu kategori sing apik. Biji saka ahli materi 4,3 lan saka guru 4,5. Biji rata-rata prototipe materi ajar yaiku 4,4, biji kasebut kalebu kategori sing wis apik, (5) buku materi ajar macaberbasis pendidikan karakter kanggo siswa kelas VII SMP ing kabupaten Pemalang isine ana sangang wacan sing irah-irahane kajupuk saka sesanti Jawa, buku iki uga dilengkapi karo latihan soal pilihan ganda lan uraian.Saben wacan diwenehigambar ilustrasi.Kandhele buku 86 lembar, ukurane buku A5, ukuran huruf 12 Comic San MS. Sampul buku migunakake hard cover sing gambare bocah lagi sinau maca. Adhedasar asil panaliten iki, panulis atur pamrayoga (1) kanggo guru supaya luwih bervariatif anggone milih materi ajar, (2) kanggo ngasilake analisis murakabi tumrap prototipe kang wis rinakit, panaliti uga ngajab supaya prototipemateri ajariki bisa diujikake marang siswa lan bisa dingerteni kesahihanne.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: pengembangan, materi ajar, membaca pemahaman, pendidikan karakter.
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Sastra
L Education > LB Theory and practice of education > LB1603 Secondary Education. High schools
P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 23382 not found.
Date Deposited: 06 May 2014 12:22
Last Modified: 06 May 2014 12:22
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/19672

Actions (login required)

View Item View Item