Kosakata Dialek Rembang (Kajian Sosiodialektologi)


Erik Dwi Kiswanto, 2601409032 (2013) Kosakata Dialek Rembang (Kajian Sosiodialektologi). Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Kosakata Dialek Rembang (Kajian Sosiodialektologi)]
Preview
PDF (Kosakata Dialek Rembang (Kajian Sosiodialektologi))
Download (499kB) | Preview

Abstract

Variasi basa ing bebrayan ora mung dipangribawani dening faktor kebahasaan, ananging faktor non kebahasaan sing antarane faktor sosial uga ndadekake anane variasi basa. Faktor sosial gaweyan lan umur nuduhake variasi kosakata ing Kabupaten Rembang. Adhedasar pratelan kuwi, masalah panaliten iki yaiku kepriye variasi kosakata basa Jawa dialek Rembang adhedasar status sosial panuture. Ancas panaliten iki yaiku njlentrehake variasi kosakata basa Jawa dialek Rembang kanthi nggayutake faktor sosial pamicarane. Panaliten iki migunakake rong pendekatan, yaiku pendekatan teoretis lan pendekatan metodologis. Pendekatan teoretis migunakake pendekatan sosiodialektologi, wondene pendekatan metodologis migunakake metode sinkronis deskriptif kualitatif. Data panaliten ana rong jenis, data lisan lan data tulis. Data lisan awujud pocapan basa Jawa dialek Rembang saka 16 pendhudhuk asli sing wis nyanggupi sarat dadi informan, wondene data tulis awujud kosakata khas Kabupaten Rembang sing wis diandharake dening Sudjarwo (1987). Papan panaliten gunggunge ana patang desa, yaiku Desa Pasarbanggi, Desa Pulo, Desa Tasikharjo, lan Desa Sidomulyo. Anggone ngumpulake data migunakake metode simak lan cakap kanthi teknik-teknike. Data panaliten banjur dianalisis kanthi rong tahapan, analisis nalika proses ngumpulake data lan analisis sakwise ngumpulake data. Asil panaliten dijlentrehake nganggo metode informal. Asil panaliten nuduhake kosakata basa Jawa dialek Rembang kuwi dhuweni variasi ing aspek gejala onomasiologis. Variasi kosakata ditemokake ing medan makna: (i) perangane awak, (ii) tembung sapaan, (iii) sistem kekerabatan, (iv) omah lan bageyane, (v) wektu, musim, benda alam, lan arah, (vi) sandhangan lan mas−masan, (vii) pangkat pamarentah desa lan gaweyan, (viii) sato kewan, (ix) woh-wohan, (x) kagiyatan, lan (xi) penyakit. Adhedasar asil panaliten iki, pamrayogane supaya masarakat sing beda status sosiale bisa duweni pamikiran sing padha marang variasi kosakata nalika pacelathon. Kanggo panaliti basa, pamrayogane bisa neliti variasi kosakata kanthi nggayutake status sosial liyane ing papan panaliten sing durung dikaji.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: dialek, sosiodialektologi, kosakata, bahasa Jawa Rembang
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Sastra
P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 23382 not found.
Date Deposited: 06 May 2014 13:07
Last Modified: 06 May 2014 13:07
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/19671

Actions (login required)

View Item View Item