SUBSTITUSI PADA KUMPULAN CERKAK TEMBANGE WONG KANGEN KARYA SUMONO SANDY ASMORO


Anik Aimal, 2601409025 (2013) SUBSTITUSI PADA KUMPULAN CERKAK TEMBANGE WONG KANGEN KARYA SUMONO SANDY ASMORO. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of SUBSTITUSI PADA KUMPULAN CERKAK TEMBANGE WONG KANGEN KARYA SUMONO SANDY ASMORO]
Preview
PDF (SUBSTITUSI PADA KUMPULAN CERKAK TEMBANGE WONG KANGEN KARYA SUMONO SANDY ASMORO)
Download (398kB) | Preview

Abstract

Salah sawijining aspek kanggo mujudake wutuhing wacan lan nglarasake wacan yaiku kohesi. Sesulih iku salah siji jinising kohesi gramatikal. Sesulih iku kalebu proses basa sing akeh paedahe, nanging yen panganggone ora trep bisa gawe salah kaprah. Mula panaliten iki dipunjerake ing cerkak Tembange Wong Kangen sing diduga ngandhut variasi sesulih. Miturut katrangan kasebut, bab sing diudi ing panaliten iki yaiku apa wae jinising sesulih ing cerkak Tembange Wong Kangen karya Sumono Sandy Asmoro. Panaliten iki nduweni ancas kanggo njlentrehake jinis sesulih ing kumpulan cerkak Tembange Wong Kangen karya Sumono Sandy Asmoro. Panaliten iki migunakake pendekatan teoretis lan pendekatan metodologis. Pendekatan teoretis sing dienggo yaiku pendekatan strukturalisme, dene pendekatan metodologis sing dienggo yaiku pendekatan kualitatif lan pendekatan deskripstif. Wujud data ing panaliten iki yaiku pethilan wacan arupa ukara lan paragraf kang diduga ngandhut sesulih. Sumber data panaliten iki dijupuk saka wacan tulis kumpulan cerkak Tembange Wong Kangen karangan Sumono Sandy Asmoro. Data dikumpulake kanthi nyemak wacan crita cekak Tembange Wong Kangen banjur dicathet ing kertu data. Data dianalisis nganggo metode agih. Dene andharan asil analisis nganggo metode informal. Adhedhasar bentuke, sesulih ing crita cekak Tembange Wong Kangen kaperang dadi patang jinis sesulih yaiku, (1) sesulih kanthi konstituen senilai, (2) sesulih kanthi pengulangan cara definit, (3) sesulih penominalan predikat, lan (4) sesulih kanthi pemronominalan. Saran kang bisa diandharake miturut asil panaliten iki yaiku, (1) kanggo para pangripta dikarepake bisa luwih nganti-ati nalika nyulih perangane ukara saengga ora dadi salah kaprah, (2) dikarepake ana panaliten liya gegayutan kaliyan sesulih amarga tekan saprene durung ana panaliten sing dipunjerake ing sesulih.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: substitusi, cerkak Tembange Wong Kangen, Sumono Sandy Asmoro
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Sastra
P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 23382 not found.
Date Deposited: 06 May 2014 13:07
Last Modified: 06 May 2014 13:07
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/19669

Actions (login required)

View Item View Item