MODEL EVALUASI BERBICARA PEMBELAJARAN BAHASA JAWA SMA BERBASIS INTEGRATIF-KOMUNIKATIF


Riya Windahayani, 2601409043 (2013) MODEL EVALUASI BERBICARA PEMBELAJARAN BAHASA JAWA SMA BERBASIS INTEGRATIF-KOMUNIKATIF. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of MODEL EVALUASI BERBICARA PEMBELAJARAN BAHASA JAWA SMA BERBASIS INTEGRATIF-KOMUNIKATIF]
Preview
PDF (MODEL EVALUASI BERBICARA PEMBELAJARAN BAHASA JAWA SMA BERBASIS INTEGRATIF-KOMUNIKATIF)
Download (2MB) | Preview

Abstract

Evaluasi micara yaiku sarana kanggo ngukur katrampilan micara siswa ing sajroning kompetensi dasar. Ing piwulangan basa Jawa, kang dadi pangincengan evaluasi yaiku kompetensi komunikatif (basa padinan). Salah sijine kompetensi komunikatif kang produktif yaiku katrampilan micara. Evaluasi micara utamane ora mung katindakake sacara komunikatif, ananging bisa dicakke nganggo integratif. Integratif kuwi gabungan saka katrampilan basa siji karo katrampilan basa liyane, utawa antar komponen basa. Ananging, ing kasunyatane nganti seprene evaluasi piwulangan basa Jawa kang wis digawe guru ing sekolahsekolah ora komunikatif lan integratif. Amarga kuwi, prelu dianakake pengembangan model evaluasi micara supaya bisa nggladhi lan ngukur kompetensi komunikatif saben murid ing babagan micara sing dicakke sacara integratif. Miturut andharan ing dhuwur, prakara kang dirembug ing panaliten iki yaiku, 1) kepriye draf model evaluasi micara piwulangan basa Jawa SMA adhedhasar integratif-komunikatif?, 2) kepriye validasi model evaluasi micara piwulangan basa Jawa SMA adhedhasar integratif-komunikatif?, lan 3) kepriye model evaluasi micara piwulangan basa Jawa SMA adhedhasar integratif-komunikatif. Tujuan panaliten iki yaiku 1) nyusun draf model evaluasi micara piwulangan basa Jawa SMA adhedhasar integratif-komunikatif, 2) njlentrehake kasil validasi model evaluasi micara piwulangan basa Jawa SMA adhedhasar integratifkomunikatif, 3) nyusun model evaluasi micara piwulangan basa Jawa SMA adhedhasar integratif-komunikatif. Panaliten iki migunakake dhasar Research & Development. Prosedur panaliten iki ana tahap papat yaiku analisis kurikulum, desain produk, validasi desain produk, lan revisi desain produk. Subjek panaliten iki yaiku guru basa Jawa SMA/ SMK telu lan pakar basa Jawa loro. Kanggo nglumpukake data nggunakake angket uji ahli saengga teknik pangumpulan data panaliten iki saka teknik angket. Teknik analisis data kang dinggo yaiku teknik analisis interaktif saka komponen telu yaiku reduksi data, penyajian data, sarta dududan lan verifikasi. Asil panaliten nuduhake ana model evaluasi lima ing draf model evaluasi micara adhedhasar integratif-komunikatif, yaiku 1) model evaluasi bermain peran; 2) menceritakan/ menyampaikan berdasarkan rangsang visual; 3) menceritakan/ menyampaikan berdasarkan rangsang audio; 4) menceritakan/menyampaikan berdasarkan rangsang audio visual; lan 5) menanggapi. Draf kuwi banjur di validasi dening uji ahli basa Jawa. Validasi uji ahli kang dikoreksi saka pituduh nggarap soal, basa ing butir soal lan model soal. Pituduh nggarap soal lan basa ing butir soal bisa dimangerteni kaluputane saka ejaan, dhiksi (unggah-ungguh), ukara lan wacana kang runtut, dene model soal kang wiwitan cacahe ana lima diklompokake dadi papat. Klompokane kuwi adhedhasar panganggone lan model lima kang during di validasi kuwi mau wis mlebu kabeh ing papat model kang dikembangake. Saka andharan mau, model evaluasi micara basa Jawa nuduhake model evaluasi papat yaiku bermain peran, bercerita, berdiskusi, lan menanggapi. Saran kang bisa diwenehake adhedhasar asil panaliten yaiku, 1) kagem guru basa Jawa utamane ing SMA kudu luwih maneka warna nalika maringi evaluasi kompetensi micara. Amarga kuwi, model-model evaluasi micara ing panaliten iki bisa didadekake kanggo salah sijine referensi ing sajrone nindakake evaluasi piwulangan ing sekolah. Materi panaliten iki trep kanggo ing dhaerah Kudus. Model iki bisa dinggo ing dhaerah ngendi wae, ananging panganggone basa kuwi kudu trep karo kahanan lan dhaerah model evaluasi micara iki digunakake.; 2) mangerteni durung sampurnane panaliten iki, mula kudu ana panaliten-panaliten liyane kanggo panyampurna panaliten iki lan dadi produk anyar kanggo panaliten pengembangan ngenani piwulangan basa Jawa.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: model evaluasi, berbicara, integratif, komunikatif.
Subjects: L Education > L Education (General)
P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 23382 not found.
Date Deposited: 06 May 2014 12:17
Last Modified: 06 May 2014 12:17
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/19668

Actions (login required)

View Item View Item