PENGEMBANGAN BUKU WACANA DIALOG TEGAL BERBASIS PENDIDIKAN KARAKTER


Khusnul Khotimah, 2601409001 (2013) PENGEMBANGAN BUKU WACANA DIALOG TEGAL BERBASIS PENDIDIKAN KARAKTER. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of PENGEMBANGAN BUKU WACANA DIALOG TEGAL BERBASIS PENDIDIKAN KARAKTER]
Preview
PDF (PENGEMBANGAN BUKU WACANA DIALOG TEGAL BERBASIS PENDIDIKAN KARAKTER)
Download (1MB) | Preview

Abstract

Buku wacan abasa Jawa kang ngemot nilai karakter kang ana ing masyarakat Tegal esih arang malah durung ana. Ora anane buku kasebut ndadikake masyarakat ora duwe buku-buku wacan kang maneka warna. Anane buku wacan pacelathon Tegal kang ngandhut nilai karakter iki, kanggo ngisi wektu sela masyarakat kang ana ing tlatah Tegal minangka sarana wacan abasa Jawa dialek Tegal. Kejaba kuwi, buku iki uga bisa dadi buku jangkepan kanggo piwulangan ing sekolahan. Adhedhasar kahanan kabutuhan kasebut, mula perlu anane pengembangan buku wacan pacelathon Tegal kang ngandhut nilai karakter. Undering panaliten iki yaiku kepriye ngrakit buku wacan pacelathon Tegal kang ngandhut nilai karakter. Ancase panaliten iki yaiku ngrakit buku wacan pacelathon Tegal kang ngandhut nilai karakter. Panaliten iki adhedhasar panaliten pengembangan (Reserch & Development). Prosedur panaliten iki kaperang dadi papat, yaiku analisis kabutuhan, ngrancang draf prototipe, validasi prototipe, lan ndandani prototipe. Data ana ing panaliten iki yaiku data kabutuhan lan validasi uji ahli. Data diklumpukake nganggo angket, yaiku arupa angket kabutuhan lan angket uji ahli. Teknik analisis data angket diolah kanthi teknik analisis faktor. Hasil analisis kabutuhan, responden milih irah-irahan buku “Pacelathone Laka-laka”. Tema wacan kang dipilih responden yaiku babagan kulawargan, budi pakerti, kamasyarakatan, lan pariwisata. Nilai pendidikan karakter kang dipilih responden yaiku kerja keras, peduli sosial, tanggungjawab, religius, lan disiplin. Ukuran buku kang dipengini responden kaya buku tulis (A5) kanthi jinis huruf Arial ukurane 12. Rengrengan sampul kang dipengini responden nganggo tulisan, kang wernane cerah, lan diwenehi gambar kartun wong lagi nglakokake pacelathonan. Prototipe buku wacan pacelathon Tegal kaperang dadi telung bagian yaiku bagian pendahulu, isi, lan penyudah. Panaliten iki ngasilake buku wacan pacelathon Tegal sing ngemot nilai karakter kanthi irah-irahan “Pacelathone Laka-laka”. Buku kasebut isine sangang wacan kang ning njerone ngemot nilai karakter Jawa. Buku wacan kang wis disusun banjur divalidasi maring ahli. Saka validasi kasebut banjur ana kang kudu didandani. Kang kudu didandani antarane yaiku ndandani ing bagian isining buku, bagian penyajian buku, lan bagian basane buku. Ing bagian isi, ana limang wacan kang kudu didandani. Wacan kasebut ing antarane Gusti Ora Sare, Tulung-Tinulung, Aja Cedhak Kebo Gupak, Emban Cindhe Emban Siladan dan Idu Didilat Maning.Bagian penyajian buku ketambahan ilustrasi gambar kang maune mung sangang gambar dadi patbelas gambar. Ing bagian basane buku, kang didandani ing antarane panulisan EYD, rengrengane ukara, lan unggah-ungguh. Prototipe kang wis didandani banjur dijilid dadi buku sedengan (A5). Panyaruwe saka panaliten iki yaiku muga-muga anane buku wacan pacelathon Tegal kang ngandhut nilai karakter iki, masyarakat bisa nerapake unsur nilai-nilai pendidikan karakter ana ing kauripan saben dinane.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: pengembangan, buku, wacana dialog, pendidikan karakter.
Subjects: L Education > L Education (General)
P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 23382 not found.
Date Deposited: 06 May 2014 13:11
Last Modified: 06 May 2014 13:11
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/19661

Actions (login required)

View Item View Item