SERAT KAWRUH NABUH GANGSA DALAM KAJIAN FILOLOGIS


Rachma Dwi Ardiani, 2611409028 (2013) SERAT KAWRUH NABUH GANGSA DALAM KAJIAN FILOLOGIS. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of SERAT KAWRUH NABUH GANGSA DALAM KAJIAN FILOLOGIS]
Preview
PDF (SERAT KAWRUH NABUH GANGSA DALAM KAJIAN FILOLOGIS)
Download (3MB) | Preview

Abstract

Naskah SKNG iku babagan nabuh gamelan. Teks SKNG nuduhake babagan nabuh gamelan sing apik, wigati, lan migunani. Teks SKNG digunakake kanggo njangkepi teks nabuh gamelan sing saiki wis ana, supaya cara nabuh gamelan dadi luwih apik. Iki kanggo dhasar teks SKNG narik kawigaten kanggo diteliti. Prakara kang dikaji panaliten iki yaiku kepriye ngaturake suntingan teks SKNG sing trep miturut kajian filologis. Wondene pangangkahe panaliten yaiku ngaturake suntingan teks SKNG kanthi trep miturut kajian filologis. Teori kang digunakake ing panaliten SKNG yaiku teori filologi. Dhata panaliten kang digunakake yaiku teks SKNG. Sumber dhata kajupuk saka naskah Serat Kawruh Nabuh Gangsa nomer SMP – RP G 14 kang kasimpen ing Perpustakaan Museum Radyapustaka dalan Slamet riyadi 275 Surakarta. Metodhe sing digunakake yaiku metodhe naskah tunggal edisi standar. Dene terjemahan teks SKNG nggunakake metodhe terjemahan bebas supaya sing maca gampang mangerteni isi teks SKNG. Asil panaliten sakwise golek katrangan saka katalog-katalog, nudhuhake yen naskah SKNG iku naskah tunggal. Naskah iki mung ana ing Perpustakaan Museum Radyapustaka Surakarta nomer naskah SMP – RP G 14, kandele 43 kaca, aksarane Jawa, bahasane Jawa, lan katulis kanthi wujud gancaran sing isine babagan thuthukan gamelan kang jangkep karo notasine. Panaliten iki ngasilake sajian edisi teks SKNG kang trep miturut kajian filologis. Peneliti ngadhepi alangan nyajiake teks SKNG, antarane ana tembungtembung kang kliru panulisane, kayata kurang utawa kaluwihan perangane tembung yaiku pepet lan ceceg. Kuwi ndadekake penulis kudu nafsirake ukarane. Sakliyane kuwi, panulisan aksara Jawa biyen lan saiki gawe peneliti kangelan anggone maca. Adhedhasar asil panaliten iki supaya teks SKNG bisa didadekake bahan kanggo peneliti liya anggone neliti ing bidang kang beda nanging isih ana sesambungane karo panaliten iki.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Filologi, Serat Kawruh Nabuh Gangsa, Suntingan Teks.
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Sastra
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 1771 not found.
Date Deposited: 07 Nov 2013 17:19
Last Modified: 07 Nov 2013 17:19
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/18800

Actions (login required)

View Item View Item