Pengembangan Buku Bacaan Cerita Rakyat Bahasa Jawa Berbasis Kontekstual di Kabupaten Brebes


Nur Azizah, 2601409110 (2013) Pengembangan Buku Bacaan Cerita Rakyat Bahasa Jawa Berbasis Kontekstual di Kabupaten Brebes. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Pengembangan Buku Bacaan Cerita Rakyat Bahasa Jawa Berbasis Kontekstual di Kabupaten Brebes]
Preview
PDF (Pengembangan Buku Bacaan Cerita Rakyat Bahasa Jawa Berbasis Kontekstual di Kabupaten Brebes)
Download (6MB) | Preview

Abstract

Bahasa Jawa kuwe, dumadi sekang dialek sing sejen-sejen. Salah sijine Kabupaten Brebes, duwe dialek sing sejen karo dialek Solo, Jogjakarta, karo Semarang. Dene, pasinaon basa Jawa ning Kabupaten Brebes esih nganggo buku karo LKS sing nganggo basa Jawa dialek Solo, Jogjakarta utawa Semarang. Kaya ning pasinaon maca dongeng, isi wacane yakuwe dongeng sing dhaerah sajabane Kabupaten Brebes. Buku karo LKS kuwe, kurang kontekstual angger dinggo ning Kabupaten Brebes. Sekang survai sing dilakoni dening panaliti, wis ana buku dongeng Kabupaten Brebes. Buku dongeng kuwe jumlahe mung sacuwil. Bukune esih nganggo basa Indonesia. Adhedasar survai kuwe, panaliti kepengin ngrakit buku dongeng Bahasa Jawa dialek Brebes sing kontekstual. Buku sing dirakit isine ngenani dongeng sing ana gandheng cenenge karo Kabupaten Brebes. Buku sing dirakit kuwe nganggone basa Jawa dialek Brebes. Adhedasar survai mau, underaning panaliten kiye yakuwe kepimen prototipe buku dongeng basa Jawa dialek Brebes sing kontekstual. Panaliten kiye nduweni tujuwan kanggo ngrakit buku dongeng basa Jawa dialek Brebes sing kontekstual. Panaliten kiye nganggo panaliten pengembangan (Research and Developnent). Prosedur panaliten kiye dibagi dadi lima yakuwe analisis potensi karo masalah, nglumpulena data/informasi, ngrancang prototipe, validasi desain/produk, karo ndandani prototipe. Data ning panaliten kiye yakuwe data survai dongeng sing wis ana, data angket kebutuhan, karo data uji ahli. Data ning panaliten kiye dikumpulena nganggo angket, yakuwe angket observasi, angket kebutuhan, karo angket uji ahli. Teknik analisis data penaliten kiye yakuwe nganggo teknik deskriptif kualitatif. Panaliten kiye ngasilaken buku dongeng kaya sing dibutuhaken siswa karo guru. Buku dongeng sing dirakit kuwe, isine wacan dongeng lokal Kabupaten Brebes. Dongeng-dongeng sing ditulis yakuwe, Jaka Poleng, Dewi Rantangsari, Dukun Bayi karo Baya, Asal-usul Desa Paguyangan, Asal-usul Desa Pesantunan, karo Asal-usul Desa Tanggungsari. Wacan-wacan mau dinein gambar ilustrasi karo warna sing apik. Wacan sing ditulis duweni piwulang sing apik kaya sing wis ditulis ning tata-carane nulis buku pengayaan kepribadian. Sekang panaliten kiye, panulis nduweni pramayoga yakuwe (1) kanggo guru, buku dongeng kiye bisa kanggo materi wacan ning sajerone pasinaon basa Jawa, (2) kanggo murid, buku dongeng kiye bisa kanggo nambahi kawruh ngenani dongeng Kabupaten Brebes, (3) kanggo sing repan nganakena panaliten, buku kiye durung sampurna. Buku kiya esih bisa diteliti maning, supaya bisa dadi luwih apik maning.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: pengembangan, buku bacaan, Cerita Rakyat.
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 1771 not found.
Date Deposited: 07 Nov 2013 17:20
Last Modified: 07 Nov 2013 17:20
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/18794

Actions (login required)

View Item View Item