PENINGKATKAN KETERAMPILAN MEMBACA WACANA BERHURUF JAWA DENGAN PERMAINAN ARJUNA NGULANDARA PADA SISWA KELAS VIIIA SMP NEGERI 3 PULOSARI KABUPATEN PEMALANG


Ratna Titis Prayogi, 2601409079 (2013) PENINGKATKAN KETERAMPILAN MEMBACA WACANA BERHURUF JAWA DENGAN PERMAINAN ARJUNA NGULANDARA PADA SISWA KELAS VIIIA SMP NEGERI 3 PULOSARI KABUPATEN PEMALANG. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of PENINGKATKAN KETERAMPILAN MEMBACA WACANA BERHURUF JAWA DENGAN PERMAINAN ARJUNA NGULANDARA PADA SISWA KELAS VIIIA SMP NEGERI 3 PULOSARI KABUPATEN PEMALANG]
Preview
PDF (PENINGKATKAN KETERAMPILAN MEMBACA WACANA BERHURUF JAWA DENGAN PERMAINAN ARJUNA NGULANDARA PADA SISWA KELAS VIIIA SMP NEGERI 3 PULOSARI KABUPATEN PEMALANG)
Download (1MB) | Preview

Abstract

Kapirgelan maca aksara Jawa siswa isih kurang. Apa maneh kaprigelan siswa jroning maca aksara Jawa. Kahanan iku bisa dimangerteni saka biri rata-rata siswa kang durung nyandhak KKM kang gedhene 70. Siswa ora nyandhak biji KKM iku jalaran siswa nanggep aksara Jawa iku angel lan mboseni. Ana ing bab iki, guru kang paling mangerteni kahanan lan kaprigelan siswa. Guru kudu ngowahi cara mulange lan migunakake media inovatif ana ing piwulangan maca aksara Jawa. Media kang bisa digunakake kanggo ngundhakake kaprigelan maca aksara Jawa salah sijine migunakake dolanan Arjuna Ngulandara. Rumusan masalah kang dirembug ing panaliten iki yaiku, (1) kepriye anggone ningkatake kaprigelan maca aksara Jawa sawise piwulangan nganggo dolanan Arjuna Ngulandara lan (2) kepriye owahing patrap siswa ing aspek afektif, kognitif lan psikomotorik siswa kelas VIIIA SMP Negeri 3 Pulosari Kabupaten Pemalang sawise piwulangan maca aksara Jawa nanggo dolanan Arjuna Ngulandara. Peneliten iki kalebu panaliten tindakan kelas kang mkigunakake rong pratelan, yaiku siklus I lan siklus II kanthi target biji rata-rata kelas utawa KKM 70. Subjek ana ing panaliten iki yaiku siswa kelas VIIIA SMP Negeri 3Pulosari keng caca ke ana 41 siswa. Saben siklus kaperang dadi tahap perencanaan, tindakan, observasi, lan refleksi. Datane dijupuk mawa teknik tes lan nontes. Kanggo njupuk data migunakake piranti kang awujud pedoman observasi, jurnal, angket, wawancara, lan dokumentasi. Data tes dijupuk saka penilaian aspek kasil saka dolanan, lan ora ngluwihi wektu. Kanggo analisis data mawa cara kualitatif lan kuantitatif. Asil panaliten nudhuhake manawa sadurunge ditindakake piwulangan nganggo dolanan Arjuna Ngulandara, kaprigelan maca aksara Jawa siswa ana ing sakngisor KKM yaiku biji rata-rata siswa 67,32 lan sawise ditindakake siklus I biji rata-rata dadi 71,04 tegese mundhak 5,73%. Ewadene wis nyandhak biji KKM, nanging durung maksimal. Asil siklus II biji rata-rata siswa dadi 78,53 kang tegese mundhak 10,50% saka siklus I. Sawise piwulanggan maca aksara Jawa nganggo dolananan Arjuna Ngulandara, saliyane mundhakake kaprigelan maca aksara Jawa, patrape siswa nalika piwulangan maca aksara Jawa uga owah. Owah-owahan kang ana pinuju marang telung perkara yaiku kognitif, afektif, lan psikomotorik. Owah-owahan ing perkara kognitif disawang saka owahe kaprigelan siswa anggone ngapalake aksara Jawa lan siswa bisa paham anggone maca aksara Jawa. Patrap afektif disawang saka owahe siswa luwih antusias lan nggatekake anggone melu piwulangan maca aksara Jawa lan bisa guyub ing kelompoke. Patrap psikomotorik disawang saka siswa urut anggome mglakokake dolanan Arjuna Ngulandara. Pangajab saka panaliten iki yaiku media dolanan Arjuna Ngulandara bisa digunakake dadi media kanggo piwulangan maca aksara Jawa khususe SMP ing Kecamatan Pulosari lan umume ing Kabupaten Pemalang, guru kudu luwih kreatif migunakane media ana ing piwulangan, lan bisa nindakake panaliten lanjutan nanging migunakake media sing beda supaya bisa nindakake mutu pendhidhikan utamane ana ing piwulangan maca aksara Jawa.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: membaca huruf Jawa, permainan Arjuna Ngulandara.
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 1771 not found.
Date Deposited: 07 Nov 2013 17:24
Last Modified: 07 Nov 2013 17:24
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/18784

Actions (login required)

View Item View Item