KAMUS VISUAL BERBAHASA JAWA MENGENAI PERALATAN DAPUR SEBAGAI ALAT PENUNJANG PEMBELAJARAN


Sholihul Huda, 2601409019 (2013) KAMUS VISUAL BERBAHASA JAWA MENGENAI PERALATAN DAPUR SEBAGAI ALAT PENUNJANG PEMBELAJARAN. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of KAMUS VISUAL BERBAHASA JAWA MENGENAI PERALATAN DAPUR SEBAGAI ALAT PENUNJANG PEMBELAJARAN]
Preview
PDF (KAMUS VISUAL BERBAHASA JAWA MENGENAI PERALATAN DAPUR SEBAGAI ALAT PENUNJANG PEMBELAJARAN)
Download (1MB) | Preview

Abstract

Leksikon Jawa utawa tembung-tembung Jawa kang ana gegayutane karo piranti masak wis jarang dingerteni tumrap siswa. Kahanan kuwi amarga nalika piwulangan basa Jawa durung ana piranti piwulangan kang ngrembug bab piranti masak. Kamangka ing panaliten iki nduweni ancas nggawe piranti piwulangan awujud kamus visual abasa Jawa kang bisa mbiyantu siswa mangerteni tembungtembung Jawa bab piranti masak, saengga tembung-tembung mau bisa tetep dingerteni lan ora ilang katerjang jaman. Adedhasar prakara kasebut, underaning panaliten iki yaiku kepriye ngrakit kamus visual abasa Jawa bab piranti masak minangka piranti piwulangan basa Jawa kang trep karo kabutuhane siswa. Ancase panaliten iki yaiku ngrakit kamus visual abasa Jawa bab piranti masak minangka piranti piwulangan basa Jawa kang trep kanggo kebutuhane siswa. Panaliten iki kagolong panaliten research and development (R&D). Panaliten iki nduweni urutan kang kaperang dadi lima, yakuwi: (1) survei pendahuluan; (2) ngencanakake prototipe, (3) ngrakit prototipe, (4) nguji prototipe, (5) ndandani prototipe. Dene instrumen ing panaliten iki nganggo lembar observasi, wawanrembug, dokumentasi, lan angket. Asile panaliten iki yaiku (1) guru lan siswa mbutuhake kamus visual abasa Jawa bab piranti masak minangka piranti piwulangan basa Jawa; (2) kamus visual kang diasilake awujud daftar piranti masak tradhisional Jawa Tengah kang ana gambar lan andharan ing saben piranti masak, kanthi ukuran A5, abasa Jawa ngoko, nganggo jinis carakan Times New Roman, komposisi werna peteng bab samak, lan komposisi werna padhang bab isi. Pamrayoga saka panaliten iki, yaiku (1) guru lan siswa menggunakan kamus visual sebagai alat penunjang pembelajaran, (2) guru dan wong tua kudu ngenalake tembung-tembung Jawa bab piranti masak tumrap siswa awit cilik, (3) pengembangan kamus visual abasa Jawa perlu diterusake kanggo njangkepi kekurangane kamus visual, (4) perlu dianakae panaliten kanggo nguji kamus visual ing piwulangan basa Jawa, (5) perlu dianakake panaliten pengembangan kamus visual bab liyane minangka konservasi tumrap tembung Jawa.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: kamus, alat dapur, dan penunjang pembelajaran
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Javanese Language and Literature
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 1771 not found.
Date Deposited: 07 Nov 2013 17:28
Last Modified: 07 Nov 2013 17:28
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/18763

Actions (login required)

View Item View Item