STRUKTUR LAKON WAYANG GATUTKACA GUGUR OLEH KI CAHYO KUNTADI


Dwi Setiono, 2102406543 (2013) STRUKTUR LAKON WAYANG GATUTKACA GUGUR OLEH KI CAHYO KUNTADI. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of STRUKTUR LAKON WAYANG GATUTKACA GUGUR OLEH KI CAHYO KUNTADI]
Preview
PDF (STRUKTUR LAKON WAYANG GATUTKACA GUGUR OLEH KI CAHYO KUNTADI)
Download (722kB) | Preview

Abstract

Kesenian wayang purwa adalah tontonan yang sekaligus memberi tuntunan. Hal ini dibuktikan, kesenian wayang purwa sebagai produk budaya Jawa kenyataanya telah menyebar luas sampai ke negara-negara asing. Kesenian wayang purwa juga mempunyai nilai seni yang tinggi, seperti dilihat dari antawecana, sulukan, sabetan, dan gending yang mengiringi pagelaran wayang. Permasalahan yang ingin diteliti yaitu bagaimana bentuk struktur lakon wayang Gatutkaca Gugur sehingga banyak diminati masyarakat. Berdasar rumusan masalah tersebut, penelitian ini bertujuan menjelaskan struktur lakon wayang Gatutkaca Gugur apakah masih mengikuti kaidah pertujukan lakon wayang kulit purwa tradisional (klasik). Secara teoretis, penelitian ini diharapkan dapat memberikan kontribusi bagi pengembangan penelitian struktur lakon wayang, khususnya struktur lakon wayang kulit. Secara praktis, penelitian ini diharapkan dapat memberikan manfaat bagi masyarakat supaya dapat lebih memahami dan mencintai budaya Jawa khususnya wayang, karena di dalamnya terkandung nilai kehidupan yang tinggi, seperti nilai moral, nilai pendidikan, serta nilai luhur budaya bangsa sebagai pedoman dalam kehidupan bermasyarakat. Penelitian ini menggunakan metode analisis struktural. Metode ini digunakan untuk menganalisis unsur-unsur yang terkandung dalam sebuah karya sastra. Unsur-unsur tersebut adalah unsur-unsur intrinsik yang ada dalam lakon wayang Gatutkaca Gugur. Unsur-unsur intrinsik tersebut meliputi tema dan amanat, alur (plot), penokohan (karakterisasi atau perwatakan), dan latar (setting). Setelah dilakukan penelitian, struktur lakon wayang Gatutkaca Gugur meliputi alur cerita, penokohan, latar, tema, dan amanat serta pembagian pathet. Dilihat dari segi mutunya, alur yang digunakan dalam lakon Gatutkaca Gugur adalah alur longgar. Menurut jumlahnya, alur yang digunakan adalah alur ganda atau lebih dari satu alur. Dilihat dari segi prosesnya, alur yang digunakan dalam lakon ini adalah alur menanjak atau rising plot. Tahapan struktur lakon Gatutkaca Gugur bertolak dari tahap eksposisi, penggawatan, perumitan, klimaks, peleraian, dan penyelesaian. Pertunjukan wayang Gatutkaca Gugur masih mengikuti alur pertunjukan wayang tradisional, meskipun ada beberapa adegan yang tidak ditampilkan dengan menggantinya dengan adegan yang lain. Pembagian pathet pada pertunjukan wayang lakon Gatutkaca Gugur masih menganut aturan pakeliran tradisional yang terdiri dari tiga tahapan yaitu pathet nem, pathet sanga, dan pathet manyura. Tokoh protagonis dalam lakon Gatutkaca Gugur antara lain Gatutkaca, Prabu Puntadewa, Bima, Janaka, Semar, dan Kalabendana. Tokoh antagonis dalam lakon ini antara lain Duryudana, Prabu Salya, dan Adipati Karna, sedangkan tokoh Tritagonis dalam lakon Gatutkaca Gugur adalah Prabu Kresna dan Bathara Narada. Aspek ruang atau lokasi tempat kejadian dalam lakon ini antara lain di Medan pertempuran Kurusetra, Negara Ngastina, Negara ix Ngawangga, Negara Ngamarta, Karangkadhempel, Khayangan Junggring Saloka, dan Swarga Pengrantunan. Aspek waktu cerita (fable time) dalam lakon Gatutkaca Gugur adalah ketika masa ketika peperangan Baratayuda Jayabinangun terjadi diwaktu malam hari. Tema lakon Gatutkaca Gugur Gugur adalah bertemakan pahlawan kusuma yudha. Amanat lakon Gatutkaca Gugur lakon agar manusia untuk selalu menjunjung tinggi nilai-nilai kemanusiaan, memegang teguh darma, dan meninggalkan angkara murka. Saran yang dapat diberikan adalah wayang sebagai bagian dari khasanah kebudayaan harus dipelihara dengan baik. Melalui pertunjukan wayang manusia bercermin kepada diri sendiri, dalam wayang yang penuh dengan simbol-simbol, perilaku kemasyarakatan diangkat, dan dikemas sebagai wahana tontonan serta hiburan yang menarik banyak orang. Pertunjukan wayang purwa hendaknya dapat terus dilestarikan, karena bukan tidak mungkin suatu saat nanti akan hilang. Perlu diadakan penelitian lanjutan yang lebih mendalam dengan kajian yang berbeda karena penelitian ini hanya mengkaji tentang struktur lakon wayang, masih banyak aspek lain yang belum pernah dikaji. x SARI Setiono, Dwi. 2013. Struktur Lakon Wayang Gatutkaca Gugur oleh Ki Cahyo Kuntadi. Skripsi. Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Semarang. Pembimbing I: Dr. Teguh Supriyanto, M.Hum., pembimbing II: Yusro Edy Nugroho, S.S., M.Hum. Tembung pangrunut: wayang, struktur lakon, Gatutkaca Gugur. Kasenian ringgit purwa inggih punika tetingalan ingkang saged paring tuntunan. Kasunyatan sampun kabukten, kasenian ringgit purwa kasunyatanipun samangke sampun sumambrah dhateng manca nagari. Kasenian ringgit purwa ugi gadhahi daya estetik seni ingkang inggil, umpaminipun saged dipunpirsani lumantar: antawacana, sulukan, sabetan, saha gendhingan ingkang ngiringi pagelaran ringgit purwa. Perkawis ingkang badhe dipuntaliti inggih punika kados pundi wujud struktur lakon ringgit Gatutkaca Gugur satemah kathah dipunpirsani warga masyarakat. Adhedhasar dudutan perkawis kasebat, panaliten punika gadhahi ancas ingkang jlentrehaken struktur lakon ringgit purwa tradhisional (klasik). Kanthi teoritis, panaliten punika dipunkajengaken saged paring sumbangan kagem ngrembakakaken panaliten babagan struktur lakon ringgit, mliginipun struktur lakon ringgit purwa. Kanthi praktis, panaliten punika dipunkajengaken saged paring mupangat kagem masyarakat supados langkung pana saha tresna dhateng budaya Jawi mliginipun ringgit, awit ing salebetingipun kasimpen dayaning gesang ingkang inggil, kados: nilai moral, nilai pendidikan, sarta nilai luhur budaya bangsa minangka cepengan ing salebeting bebrayan agung. Panaliten punika ngginakaken metodhe analisis struktural. Metodhe punika dipunginakaken kagem nganalisis unsur-unsur ingkang dipunandhut salebeting karya sastra. Unsur-unsur kasebat inggih punika unsur-unsur instrinsik ingkang wonten ing lakon Gatutkaca Gugur. Unsur-unsur instrinsik kasebat ing antawisipun: tema saha amanat, alur (plot), paragan (karakterisasi utawi perwatakan), saha latar (setting). Sasampunipun dipunayahi panalitenipun, struktur lakon ringgit Gatutkaca Gugur kapetang dados:alur cariyos, paragan, latar, tema, saha amanat, sarta pambagean pathet. Dipuntingali saking mutunipun, alur ingkang dipunginakaken ing lakon Gatutkaca Gugur inggih punika alur longgar. Miturut gunggungipun, alur ingkang dipunginakaken inggih punika alur ganda utawi langkung saking setunggal. Dipuntingali saking prosesipun, alur ingkang dipunginakaken ing lakon punika inggih punika alur tanjakan utawi rising plot. Tahapan struktur lakon Gatutkaca Gugur dipunwiwiti saking tahap eksposisi, panggawatan, pengrumitan, klimaks, peleraian, saha pangrampungan. Pagelaran ringgit Gatutkaca Gugur taksih ngetutaken alur pagelaran ringgit tradisional, sinaosa wonten perangan adegan ingkang boten dipungelar kanthi nggantos adegan ingkang sanesipun. Pambagian pathet ing pagelaran ringgit lakomn Gatutkaca Gugur taksih ngrunut paugeran pakeliran tradisional ingkang kapetang dados tiga inggih punika: pathet nem, pathet sanga, saha pathet manyura. xi Salajengipun, paraga protagonis salebeting lakon Gagtutkaca Gugur antawisipun: Gatutkaca, Prabu Puntadewa, Bima, Janaka, Semar, saha Kalabendana. Paraga antagonis ing lakon punika antawisipun: Duryudana, Prabu Salya, saha Adipati Karna, Salajengipun paraga tritagonis ing salebeting lakon Gatutkaca Gugur inggih punika Prabu Kresna dan Bathara Narada. Babagan papan utawi latar kadadosan perkawis ing lakon punika mapan ing Padang Kurusera, Negari Ngastina, Negari Ngawangga, Negari Ngamarta, Karangkadhempel, Khahayangan Junggring Saloka, saha Swarga Pangrantunan. Babagan wekdal cariyos (fable time) salebeting lakon Gatutkaca Gugur inggih punika nalika taksih perang Baratayuda Jayabinangun ing wanci dalu. Tema utawi undering perkawis ing lakon Gatutkaca Gugur inggih punika pahlawan kusumaning yudha. Dene, amanat ingkang saged dipundudut inggih punika sagung titah kedah njunjung ingkang inggil nilai-nilai kamannungsan, nyepengi kadharman, saha nyingkiraken angkara muraka. Pamrayogi ingkang saged dipunaturaken inggih punika, ringgit minangka sempalan kabudayan Jawa kedah dipunjagi murih saged ngrembaka. Lumantar pagelaran ringgit manungsa saged ningali kaca benggala kapribadhenipun. Kajawi punika, ringgit purwa ugi kebak saliring wulang wuruk ingkang arupi simbol-simbol uatawi sasmita sanesipun kagem bebrayan ing masyarakat. Pramila saking punika kedah dipunwontenaken panaliten salajengipun ngengingi kajian ingkang sanesipun. Awit panaliten punika namung ngrembag babagan struktur lakon wayang ingkang temtu kemawon taksih kathah perkawis sanesipun ingkang derng dipuntaliti.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: wayang, struktur Lakon, Gatutkaca Gugur.
Subjects: L Education > L Education (General)
N Fine Arts > NX Arts in general
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 22783 not found.
Date Deposited: 22 May 2014 10:41
Last Modified: 22 May 2014 10:41
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/18006

Actions (login required)

View Item View Item