Emosi dalam Crita Cekak pada Majalah Panjebar Semangat


: Nur Isnaini, 2102407145 (2012) Emosi dalam Crita Cekak pada Majalah Panjebar Semangat. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Emosi dalam Crita Cekak pada Majalah Panjebar Semangat] Microsoft Word (Emosi dalam Crita Cekak pada Majalah Panjebar Semangat) - Published Version
Download (33kB)

Abstract

Emosi minangka bab kang wigati. Emosi trus nyawiji ing panguripan saben dinane, semono uga ing crita minangka gambarane urip kuwi mau. Karya sastra arupa crita cekak duwe ungkapan emosi sing kuat. Emosi digambarake dening lakon-lakon fiksi sing ditokna. Emosi kuwi dadi bumbune crita. Saben kedadeyan ana rentetane karo emosi. Emosi diwedharake nganggo cara sing beda-beda. Anane emosi ora sakderma kedadeyan, nanging ana sing nyebabake. Ing kene sing dirembug yaiku crita cekak ing majalah Panjebar Semangat. Adhedhasar mula bukane kasebut, perkara kang arep dibabarke ing panaliten iki yaiku (1) piye wedharan emosi sing ana ing crita cekak majalah Panjebar Semangat edisi 21-30 taun 2011, (2) apa bae sing nyebabake kedadeyan emosi ing crita cekak majalah Panjebar Semangat edisi 21-30 taun 2011. Ancas kanga arep digayuh saka panaliten iki yaiku wujud wedharan emosi lan sing dadi sebab emosi ing crita cekak majalah Panjebar Semangat edisi 21-30 taun 2011. Teori kang dinggo yaiku teori emosi arupa wujud emosi kang diwedharake lan sebabe. Panaliten iki nganggo pendekatan psikologi sastra. Metodhe panaliten iki yaiku analisis dheskriptif. Sasaran panaliten iki yaiku aspek psikologi sing mujudake wernane emosi. Aspek psikologis kuwi arupa ungkapan emosi lan sebab emosi sing ana ing crita cekak majalah Panjebar Semangat edisi 21-30 taun 2011. Dhata sing dinggo gawe dhasar panaliten iki yaiku wedharan emosi lan babagan sing nyebabake emosi ing crita cekak majalah Panjebar Semangat edhisi 21-30 taun 2011. Adhedhasar asil analisis kang ditemokake bisa didudut simpulan menawa wujud wedharan emosi ing crita cekak ana majalah Panjebar Semangat yaiku arupa emosi wedi, ngamuk, sedih, bungah, kaget, tresna, lan gela. Anane sing paling akeh yaiku emosi sedih, kang nggambarake kahanane wong jawa. Akeh-akehe emosi diwedharake nganggo tetembungan. Faktor sing nyebabake emosi yaiku arupa makhluk biologis, bentuk, sikap lan tingkah laku, situasi lan kondisi, sarta fantasi lan ilusi. Paling akeh sing dadi penyebabe yaiku sikap lan tingkah laku. Saka asil panaliten kui, pitedah kang bisa diwenehake yaiku sing arep gawe cerkak, supaya bisa ngembangke dadi luwih variasi bab nuduhke wernane emosi khususing emosi jijik. Crita cekak ing majalah Panjebar Semangat bisa diteliti nganggo bidang kajian liya saenggo nambah khasanah sastra jawa, sarta uga bisa dadi alternatif piwulang ing sekolah, kuliah, utawa sadrajat.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Crita cekak, emosi
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Pendidikan Bahasa dan Sastra
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Hapsoro Adi Perpus
Date Deposited: 01 Oct 2012 00:24
Last Modified: 01 Oct 2012 00:24
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/15658

Actions (login required)

View Item View Item