Majas Dalam Kumpulan Geguritan Angin Sumilir karya Suripan Sadi Hutomo


Nurul Khafifah,, 2102408115 (2012) Majas Dalam Kumpulan Geguritan Angin Sumilir karya Suripan Sadi Hutomo. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Majas Dalam Kumpulan Geguritan Angin Sumilir karya Suripan Sadi Hutomo] Microsoft Word (Majas Dalam Kumpulan Geguritan Angin Sumilir karya Suripan Sadi Hutomo) - Published Version
Download (12kB)

Abstract

Kumpulan geguritan Angin Sumilir anggitane Suripan Sadi Hutomo iki ana 45 geguritan lan ana pirang-pirang tema. Kumpulan geguritan iki nggunakake basa figuratif utawa diarani majas. Majas duwe potensi kanggo nambah kaendahan karya sastra. Majas uga bisa gawe geguritan dadi prismatis, tegese mancarake akeh teges utawa sugih teges. Prakara ing panaliten iki yaiku (1) kepriye anggone nggunakake majas ing kumpulan geguritan Angin Sumilir anggitane Suripan Sadi Hutomo? lan (2) kepriye kagunaane majas ing kumpulan geguritan Angin Sumilir anggitane Suripan Sadi Hutomo? Kang sinedya saka panaliten iki yaiku kanggo njlentrehake majas lan fungsi majas ing kumpulan geguritan Angin Sumilir anggitane Suripan Sadi Hutomo. Pendhekatan kang digunakake ing panaliten iki yaiku pendhekatan stilistika kang nggunakake metodhe analisis struktural. Sumber data panaliten ini yaiku kumpulan geguritan Angin Sumilir karya Suripan Sadi Hutomo. Data ing panaliten iki yaiku tembung-tembung, tetembungan, lan ukara kang ngemot majas. Anggone ngumpulake data migunakake teknik maca heuristik. Teknik analisis data kang digunakake yaiku teknik maca hermeneutik. Asil panaliten iki nudhuhake yen majas kang ana ing kumpulan geguritan Angin Sumilir karya Suripan Sadi Hutomo yaiku majas perbandingan, majas metafora, majas perumpamaan epos, majas personifikasi, majas metonimia, majas sinekdoke, lan majas allegori. Majas kang paling akeh digunakake ing kumpulan geguritan kasebut yaiku majas perbandingan. Umume, fungsi majas ing kumpulan geguritan Angin Sumilir karya Suripan Sadi Hutomo yaiku kanggo narik kawigaten pamaos, mbangkitake imajinasi visual lan menehi gamblanging angen-angen, ngiasake utawa madhakake sawijining perkara karo perkara liyane, lan nggambarake arti kang jembar nganggo basa kang luwih cekak utawa sawalike. Saran kang bisa diwenehake adhedhasar panaliten iki yaiku asil saka panaliten kumpulan geguritan Angin Sumilir prayogane bisa didadekake bahan acuan babagan majas ing panulisan utawa panaliten karya sastra kang sawerna. Karya sastra iki uga bisa digunakake kanggo bahan ajar ing sekolah.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Tembung pangrunut: geguritan, majas, Angin Sumilir
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Pendidikan Bahasa dan Sastra
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: budi Budi santoso perpustakaan
Date Deposited: 28 Aug 2012 00:33
Last Modified: 28 Aug 2012 00:33
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/14500

Actions (login required)

View Item View Item