Struktur Crita Cekak (Cerkak) Majalah “Jaya Baya” Pada Tahun 90


Yunita Endarwati , 2102405506 (2009) Struktur Crita Cekak (Cerkak) Majalah “Jaya Baya” Pada Tahun 90. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Struktur Crita Cekak (Cerkak) Majalah “Jaya Baya” Pada Tahun 90]
Preview
PDF (Struktur Crita Cekak (Cerkak) Majalah “Jaya Baya” Pada Tahun 90) - Published Version
Download (418kB) | Preview

Abstract

Kagunan karya sastra arupa crita cekak diciptakake pengarange diwaca karo wong liya kang maca crita cekak kasebut supaya bisa mangerteni maksud lan wosing crita cekak. Akeh babagan positif sing ana sajroning crita cekak. Wosing crita cekak gampang dimangerteni dening sing maca, amarga awujud crita lakuning wong lan basane lumrah digunakake dening masyarakat, saengga gampang dimangerteni wosing apa wae kang ana sajrone crita cekak.Karya sastra arupa crita cekak bisa dibabarake wosing migunakake unsur pembangun karya sastra, kang bisa dimangerteni unsurunsur intrinsike. Unsur intrinsik kasebut yaiku anane tokoh lan penokohan, alur, setting utawa latar, sudut pandang, lan gaya bahasa. Adhedhasar mula bakane kasebut, perkara kang arep dibabarake ana skripsi iki yaiku; kepriye struktur crita cekak ing kalawarti “Jaya Baya” taun 90-an? Ancase kang pengin digayuh ing panaliten iki yaiku nudhuhake struktur crita cekak ing kalawarti “Jaya Baya” taun 90-an. Teori kang digunakake yaiku teori struktural kanthi migunkake pendekatan objektif, yaiku supaya gampang olehe mbedhah teks crita cekak kanggo nudhuhake struktur crita cekak ing kalawarti “Jaya Baya” taun 90- an. Struktur crita kang ditudhuhake struktu crita kang arupa fakta cerita, tema, lan sarana cerita. Data dijupuk saka teks crita cekak “Wasiat”, “Sesuk Anakku Kudu Mbayar”, “Wong Jawa”, “Musibah”, “Ngenger”, “Warisan”, “Karantina”, “Para Penjarah”, “ Wiring Kuning”, lan “Matur Nuwun Bidan Kartini”. Kanthi sumber datane yaiku saka kalawarti Jawa “Jaya Baya” ing taun 1991, 1992, 1993, 1994, 1998, lan 1999. Data kasebut dianalisis migunakake analisis deskriptif, yaiku kanthi cara ndheskripsikake data kanthi lewat fakta cerita, tema, lan sarana crita, kanggo mangerteni unsur-unsur intrinsik crita cekak ing kalawarti “Jaya Baya” ing tahun 90-an. Saka kasil panaliten iki bisa nudhuhake tokoh penokohan, alur crita, latar crita kang ana sajroning fakta crita, tema, sarta sudut pandang lan gaya basa kang ana sajroning sarana crita. Adhedhasar kasebut, pitudhuh kang bisa diwenehake yaiku supaya panaliten iki bisa digunakake kanggo ngembangake teori struktural kanggo panaliten karya sastra sing liya ing sajroning mbedhah karya sastra arupa crita cekak.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: Struktur cerita
Subjects: P Language and Literature > PL Languages and literatures of Eastern Asia, Africa, Oceania
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: budi Budi santoso perpustakaan
Date Deposited: 13 Apr 2011 04:48
Last Modified: 25 Apr 2015 04:24
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/1414

Actions (login required)

View Item View Item