Peningkatan Keterampilan Menulis Meneruskan Dialog Dalam Pembelajaran Menulis Dialog pada Siswa Kelas VIID SMP 1 Wedung Kabupaten Demak.


Yani Yuliyanti , 2102405539 (2009) Peningkatan Keterampilan Menulis Meneruskan Dialog Dalam Pembelajaran Menulis Dialog pada Siswa Kelas VIID SMP 1 Wedung Kabupaten Demak. Under Graduates thesis, Universitas Negeri Semarang.

[thumbnail of Peningkatan Keterampilan Menulis Meneruskan Dialog Dalam Pembelajaran Menulis Dialog pada Siswa Kelas VIID SMP 1 Wedung Kabupaten Demak.]
Preview
PDF (Peningkatan Keterampilan Menulis Meneruskan Dialog Dalam Pembelajaran Menulis Dialog pada Siswa Kelas VIID SMP 1 Wedung Kabupaten Demak.) - Published Version
Download (1MB) | Preview

Abstract

Nulis mujudake salah sijine aspek ketrampilan basa. Nulis duwe peran sing wigati ing pasinaon, utamane ing piwulang basa Jawa. Nulis nerusake pacelathon iku perangane nulis. Saka asil observasi lan wawancara karo guru basa Jawa, bisa dikaweruhi yen ketrampilan siswa nulis nerusake pacelathon isih endhek, jalaran teknik utawa cara pasinaon sing dinggo guru isih kurang trep amarga guru isih nganggo cara pasinaon konvensional saengga ora ana variasi nalika sinau. Mula kuwi dibutuhake cara pasinaon sing pas lan nengsemake, yaiku kanthi nganggo cara pasinaon pasang-pasangan. Gegayutan karo perkara mau, mula perkara sing dibahas ing paneliten iki yaiku (1) kepriye mundhake ketrampilan nulis nerusake pacelathon siswa kelas VIID SMP 1 Wedung Kabupaten Demak sawise entuk pasinaon nulis nerusake pacelathon kanthi cara pasinaon pasangan?; (2) kepriye owahing tindak tanduk solah bawa siswa kelas VIID SMP 1 Wedung kabupaten Demak sawise entuk lakune pasinaon nulis nerusake pacelathon kanthi nggunakake cara pasang-pasangan? Ancase paneliten iki yaiku nggambarake mundhake ketrampilan siswa nalika nulis nerusake pacelathon kanthi cara pasang-pasangan ing SMP 1 Wedung kabupaten Demak. Variabel panelitan iki arupa variabel ketrampilan nulis nerusake pacelathon lan variabel teknik pasang-pasangan. Paneliten kelas iki dileksanakake nganggo rong siklus. Ngumpulake data nggunakake cara observasi (observasi ketrampilan nulis nerusake pacelathon lan tindak tanduk siswa sasuwene pasinaon), jurnal, lan wawancara. Cara nganalisis data yaiku nganggo teknik kualitatif lan kuantitatif. Teknik kualitatif digunakake kanggo nganalisis data kualitatif (tindak tanduk), lan deskriptif persentase digunakake kanggo nganalisis data ketrampilan nulis geguritan. Asil saka paneliten nuduhake yen ketrampilan siswa nulis nerusake pacelathon mundhak. Ing tahap prasiklus, guru isih nganggo cara pasinaon sing konvensional, saengga asile 63,94. Sabanjure dileksanakake siklus I kanthi nganggo cara pasang-pasangan asile 65,39, nanging kala siklus I isih kangelan nalika milih tembung lan nerapake ejaan. Saka kangelan sing ditemukake, guru coba menehi cara marang siswa, supaya pasinaon sateruse ing siklus II bisa luwih apik. Ing siklus II asil tes siswa nulis nerusake pacelathon yaiku 72,24. Asil saka observasi, jurnal, lan wawancara nuduhi anane owahing tindak tanduk siswa kelas VIID SMP 1 wedung Kabupaten Demak, yaiku dadi sregep lan semangat anggone sinau nulis nerusake pacelathon, sakliyane kuwi mawa nggunakake cara pasang-pasangan siswa bisa luwih ngerti kepriye nggunakake tembung sing bener. Saran saka paneliti yaiku (1) guru basa Jawa sabisane nganggo cara pasang-pasangan dadi salah sijine cara pasinaon kanggo siswa; (2) kanggo para paneliti basa bisa nggawe paneliten sing padha nanging nganggo cara sing beda, saengga bisa digunakake kanggo alternatif cara pasinaon nulis nerusake pacelathon.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Uncontrolled Keywords: nulis nerusake pacelathon, lan teknik pasang-pasangan.
Subjects: P Language and Literature > PL Languages and literatures of Eastern Asia, Africa, Oceania
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: budi Budi santoso perpustakaan
Date Deposited: 12 Apr 2011 08:46
Last Modified: 25 Apr 2015 04:22
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/1345

Actions (login required)

View Item View Item