MAKNA SATUAN LINGUAL BERBAHASA JAWA DALAM PROSA LIRIK PENGAKUAN PARIYEM KARYA LINUS SURYADI AG


Rikhanah, 2102406581 (2011) MAKNA SATUAN LINGUAL BERBAHASA JAWA DALAM PROSA LIRIK PENGAKUAN PARIYEM KARYA LINUS SURYADI AG. Under Graduates thesis, universitas negeri semarang.

[thumbnail of   MAKNA SATUAN LINGUAL BERBAHASA JAWA DALAM PROSA LIRIK  PENGAKUAN PARIYEM KARYA LINUS SURYADI AG] Microsoft Word ( MAKNA SATUAN LINGUAL BERBAHASA JAWA DALAM PROSA LIRIK PENGAKUAN PARIYEM KARYA LINUS SURYADI AG)
Download (60kB)

Abstract

SARI Rikhanah. 2010. Makna satuan lingual berbahasa jawa dalam prosa lirik pengakuan Pariyem karya Linus Suryadi Ag. Skripsi Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa, Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Semarang. Pembimbing 1: Drs. Widodo. Pembimbing II: Dra. Sri Prastiti Kusuma A. Tembung Pangrunut : Prosa lirik, Pariyem, Makna Prosa lirik yaiku karya sastra sing ditulis nganggo ragam prosa, tapi cirine ana unsur-unsur puisi, kaya ta irama kang teratur, majas, rima, asonansi, disonansi lan citra. Salah sijine karya sastra sing kelebu prosa lirik yaiku Prosa lirik Pengakuan Pariyem. Ana ing prosa lirik Pengakuan Pariyem iki, Linus Suryadi bisa nggambarake utawa njlentrehake suasana Jawa kang rukun, nanging ana prakteke akeh banget konflike. Pariyem kuwi wanita Jawa kang sumelang, babu sing ora nduweni kuasa nggawe perubahan lan bisane mung nrima ing pandum anggone nglakoni urip sing wis dadi takdir saka Kang Maha Kuwasa. Ing sajroning Pengakuan Pariyem iki ngandung makna luas ngengingi kabudayan Jawa. Mula, ngaji makna ana ing Pengakuan Pariyem iki dipilih dadi objek studi semantik. Rumusan masalah saka paneliten iki yaiku makna apa wae sing ana ing prosa lirik Pengakuan Pariyem. Ancas saka paneliten iki yaiku kanggo nggambarake makna sing ana ing prosa lirik Pengakuan Pariyem. Pendekatan sing digunakake ing paneliten iki yaiku metodologis lan pendekatan teoretis. Pendekatan teoretis sing digunakake ana ing panaliten ini yaiku pendekatan semantik. Ananging pendekatan metodologis ana ing panaliten iki yaiku pendekatan kualitatif deskriptif. Metode sing digunakake kanggo ngumpulake data ing panaliten iki yaiku metode studi pustaka. Data ing panaliten iki yaiku tugelane tembung utawa ukara kang ana ing wacana prosa lirik sing diduga ngandung makna tertamtu ana ing prosa lirik Pengakuan Pariyem. Dene sumber data ing panaliten iki yaiku prosa lirik Pengakuan Pariyem karya Linus Suryadi Ag. Teknik kanggo nganalisis data panaliten iki yaiku teknik metode content analysis utawa metode kajian isi. Asil paneliten iki bisa ndungkap makna sing ana ing prosa lirik Pengakuan Pariyem yaiku (1) makna leksikal, (2) makna gramatikal, (3) makna referensial, (4) makna nonreferensial, (5) makna denotasi, (6) makna konotasi, (7) makna istilah, (8) makna konseptual, lan (9) makna idiomatikal. Saka asiling panaliten mau, pamrayoga sing dikarepake saka asil paneliten iki supaya bisa didadekake wacana kanggo nambah bahan sinau ing babagan linguistik. Saliyane kuwi, paneliten iki minangka paneliten wiwitan, saengga supaya dianakake paneliten sabanjure.

Item Type: Thesis (Under Graduates)
Subjects: P Language and Literature > PI Oriental languages and literatures > PI1 Indonesia > Pendidikan Bahasa dan Sastra
Fakultas: Fakultas Bahasa dan Seni > Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa (S1)
Depositing User: Users 3263 not found.
Date Deposited: 03 Dec 2011 01:38
Last Modified: 03 Dec 2011 01:44
URI: http://lib.unnes.ac.id/id/eprint/10509

Actions (login required)

View Item View Item